17 Apr 2011

PRAN-SOEH (NGESTHI KASAMPURNAN)

Identitas Dan Eksistensi Kepercayaan Terhadap Tuhan Yang Maha Esa:

  1. Tanda inventarisasi dari Direktorat Binyet Dirjen Kebudayaan Depdikbud RI, Nomor I.177/F.3/N.1.1/1981 tanggal 31 Maret 1981.
  2. Piagam Keanggotaan dari Himpunan Penghayat Kepercayaan terhadap Tuhan YME. (HPK) Pusat, Nomor 139/WARGA/HPK-P/VIII/1981 tanggal 17 Agustus 1981.
  3. Surat Keterangan Kejaksaan Negeri Kodya Magelang Nomor SKET.03/K.3.Mg.3/I/1982 tanggal 28 Januari 1982.

BEBUKA

Aku, Poedjosoewito. Alamat: Jeruk, Kepek, Wonosari, Gunungkidul, Ngayogyakarta. Umur: 71 tahun. Perlu anggawe tinggalan wujud buku Wasiyat Keyakinan Kasuksman Pran-Soeh, kang kaampil dening Rama RPS.Sastrosoewignyo saking Jagalan Munthilan.
Buku Wasiyat kahimpun saka buku asline (babone) kang wus meh kendran/rusak. Buku Wasiyat iki daketik dewe, rampung pangetikku banjur dakjilidake. Wondene ngenani pangrakiting tembung/ukara kurang apik, lan akeh lupute anggonku ngetik.Pancen dakakoni, aku ora ahli basa/sastra, mung tumeka samene kabisanku. Mungguh wigatine aku ninggal laying (Buku Wasiyat) iki, nduweni tujuan pokok iya iku:
  1. Kagungane ngelmu Panjenengane Rama Resi Pran­Soeh Sastrosoewignyo tetep bisa lestari murni, ing salawas-lawase, aja nganti dadi ngelmu jarene besuk.
  2. Nyethakake lan angganepi ngelmu kang samar lan kurang, aja nganti mbingungangake marang sapa bae kang arep ngudi ngelmune Rama RPS.Sastrosoewignyo.
Wasana ing sateruse, bokmanawa ana sadulur kadang golongan kang arep ngapikake sarana dicapake, disalin nganggo basa Indonesia, Inggris lan liya-liyane kena, janji aja dislewengake.

Wonosari, 1 Januari 1986


(Poedjosoewito)


A. SIL-SILAH RAMA RPS. SASTROSOEWIGNYO

Sil-silahe Rama RPS.Sastrosoewignyo, mung bakal katerangake lajere bae. Kajupuk wiwit saka Eyang buyut, sebab mung dijupuk saperlune waton cukup dimangerteni, bab asal-usule Panjenengane.

Panjenengane Rama RPS. Sastrosoewignyo miyos saka trah Kyai Wirobongso kapernah Eyang buyute Rama RPS. Sastrasoewignyo. Kyai. Wirobongso, kang bebadra, cikal-bakal (ngawiti) dedunung ing desa Babadan, Sleman, Ngayogyakarta Hadiningrat. Kutha Sleman kapernah ing salore Kutha Ngayogyakarta, udakara 12 KM adohe. Dadi Kyai Wiropati kuwi kalebu Kebangsaan Indonesia golongan suku Jawa asli/Mataram deles.

Panjenengane Kyai Wirobongso ngasta padamelan ing Jaman nalika samana ana ing Pangreh Praja (Jaman Pemerintah Hindia Belanda), ngasta: Panewu Kabupaten Sleman Ngayogyakarta. Yen ing jaman Republik Indonesia iki, ing Pamong Praja, ngasta Camat Kabupaten Sleman Ngayogyakarta. Ngrasuk Agama Islam, Ngulama. Mungkul pangibadahe, gentur kasutapane, bontos ing kawruh ka-Islaman. Ing saben dinane Kyai Wirobongso mulang ngaji, ing wektu sawise bubar ngayahi peprintahan.

Kyai Wirobongso kagungan putra kakung, asma Kyai Wiropati. Ngasta padamelan ing reh kaprajan hiya Pangreh Praja ing wektu saiki. Pamong Praja, dadi Mantri Kabupaten Sleman. Uga ngrasuk Agama Islam. Bab ka-Islamane bontos banget. Apa maneh kasutapane, tapa-bratane ngungkuli ramane. Bab kawruh Islam faham banget, lan mencarake Agama Islam. Panjenengane (kyai Wiropati) mungkul semadine, anggone ngudi ngelmu kasunyatan, ngelmu kebatinan, elmu kemakrifatan, hiya ngelmu ghoib, butuh mangerti lan pana/weruh kanthi netra batin, nyatane anane dzat Kang Maha Suci. Nganti direwangi kanthi laku tapa-brata kang mawarna-warna. Mungguh laku kang ditindakake antarane: mbrakah, mutih, tapa ngrambang, sare kekadar, apa dene ngebleng (pati geni). Kang wose nyandhet meper ubaling hawa-nafsu, lan nandukake rasa tresna lan asih marang sapadha-padhane titah Jan nuju prana. Mungguh teges lan maksude tembung nuju prana, sakabehing pangandikane lan solah bawane mranani lan duwe rasa kang cocok, antarane panggalihe sing ngandika lan sing diparingi pangandika. Tumrap bab laku kang mawarna-warna, lan pangesthine marang Gusti Kang Maha Kawasa kanthi, tekading panggalih kang wis golong lan gilig. Kyai Wiropati kanyata dadi priyayi kang kinyai-kyai, dening uwong desa kiwa tengene lan uwong manca desa, kang wus kondhang kaloka sidik paningale, priksa sadurunge winarah lan waskitha. Marga kawaskithane mau, Kyai Wiropati bisa paring pitulungan apa bae marang uwong-uwong kang padha nyuwun pitulungan, lan bisa luwar naka panandhang karibedan kang warna-warna.

Kyai Wiropati kagungan putra kakung kang asma Kyai Natatrisula, ngasta Pamong ing Sleman. Iya Kyai Natatrisula iku keng ramane RPS.Sastrosoewignyo. Dadi Rama RPS.Sastrosoewignyo iku kapernah buyute Kyai Wirobongso saka pancer rama. Lan Rama RPS. Sastrosoewignyo uga kagungan Eyang buyut kang asma Kyai Haji Ngisa. Eyang buyut saka pancer ibu.

Mungguh larahe mangkene. Kyai Haji Ngisa kang dedalem ing Banyutumumpang, Kragawanan, Sawangan, Magelang daerah Kedu. Panggotane among tani. kalebu kaum tani bentil, kagungan watak jujur, lugu/prasaja tumemen, tanggon-tangguh nuhoni enggone among tani. Keno winastanan pliket banget marang lemah. Panjenengane ngrasuk Agama lslam, lan wani ngantepi apadene ngrungkebi marang Agamane.

Kyai Haji Ngisa kalebu ora sugih, nanging gandheng anduweni antep lan madhep marang Agamane kanggo netepi rukune Islam 5 prakara, kang nomer 5 kang sinebut munggah Haji, direwangi gemi-nastiti lan ngati-ati kanggo nindakake niyate munggah Kaji mau. Tekad lan niyate anggone munggah Kaji menyang Mekah Panjenengane nganti suwe banget anggone keklumpuk sangu. Sawise anggone keklumpuk sangu wis kapetung cukup, Kyai Haji Ngisa nindakake geneping rukun Islam 5 (lima) prakara, hiya iku rukun Islam kang kalima.

Sakundure saka nindakake munggah Haji menyang Mekah, panguripane rada rekasa sebab sawahe mung kari saperangan, jer liyane wus diedol kanggo sangu nalika mangkate. Sanajan katone mangkono, Kyai Haji Ngisa panggalihe tetep merwira, ing sajroning panggalih rumaos kalegan wus bisa nindakake munggah Kaji menyang Mekah.Ateges anggone ngrasuk Agama Islam kena diarani sembada lan genep.

Ing wektu sateruse tindak lan watake tansah lugas lugu lan jujur, apa maneh tumemen, ing sapemburine pengaruhe saya mundhak gedhe, ndayani disuyudi ing uwong akeh. Kadayan saka iku mau putrane kakung kang asma Kyai Mangunsastra kapilih lan piniji dening uwong akeh dadi Penatus ing Tumpang, Kragawanan, Sawangan. Dadi Kyai Haji Ngisa kagungan putra kakung asma Kyai Mangunsastra, sateruse Kyai Mangunsastra kagungan putra. Iya iku putra lan putri akeh. Ing antarane putrane Kyai Mangunsastra kang samono mau, ana putrane putri kang siji dipundhut mantu dening Kyai Wiropati, kajodhokake lan Kyai Natatrisula, lan iya Nyi Natatrisula iku ibune Rama RPS. Sastrosoewignyo, utawa kang dadi lelantaran miyose Rama RPS.Sastrosoewignyo ing alam donya.

Bahasa Indonesia
Sil-silah Rama RPS. Sastrosoewignyo hanya akan kami berikan secara ringkas saja, dan kami mulai dari Eyang Buyut, ini untuk seperlunya saja agar dimengerti asal-usul beliau.

Rama RPS. Sastrosoewignyo adalah keturunan dari trah Kyai Wirobongso yang merupakan Eyang Buyut beliau. Kyai.Wirobongso adalah orang yang mengawali sebagai penduduk desa Babadan, Kab. Sleman, DIY. Dari kota Yogyakarta kurang lebih12 KM. Jadi beliau adalah orang suku Jawa asli (trah Mataram).

Kyai Wirobongso pada saat itu bekerja pada Pemerintah Hindia Belanda sebagai Panewu (setingkat Camat) Kabupaten Sleman. Beliau beragama Islam dan sangat taat beribadah. Banyak berpuasa dan sangat mendalami pengetahuan ke-Islaman, dan juga mengajar membaca Al Qur’an (ngaji) setelah selesai pekerjaannya.

Kyai Wirobongso mempunyai putra bernama Kyai Wiropati yang juga bekerja di pemerintahan, yang juga beragama Islam. Ke-Islaman dan ibadahnya melebihi ayahnya, Kyai Wirobongso. Masalah pengetahuan tentang Islam sudah tidak diragukan lagi, sangat fasih dan juga ikut menyebarkan agama Islam. Disamping itu beliau juga mendalami masalah-masalah sufi, seperti ilmu kasunyatan, kebatinan, kemakrifatan, ghaib sangat dibutuhkan untuk dimengerti agar bisa dirasakan benar adanya Dzat Yang Maha Suci. Sampai-sampai juga dijalaninya topo-broto yang beraneka-macam antara lain: mbrakah, mutih, topo ngambang, sare kekadar, dan ngebleng (pati geni). Sehingga hasil akhirnya sangat mengekang hawa-nafsu, dan mempunyai rasa cinta-kasih kepada sesame makhluk. Sedangkan topo-broto yang beraneka-macam itu semata-mata hanya karena pengabdian kepada Gusti (Tuhan) Yang Maha Kuasa saja yang sudah sedemikian tebal keimananya. Kyai Wiropati kenyataannya memang menjadi priyayi yang tersohor diseluruh kawasan termasuk desa-desa tetangga dan bahkan yang lebih jauh, mempunyai penglihatan batin yang tajam sehingga bisa dikatakan ngerti sak durunge winarah. Dengan kemampuannya tadi beliau bisa memberi pertolongan kepada orang-orang yang memintanya, dan memang bisa terlepas dari kesulitan yang bermacam-macam itu.

Kyai Wiropati mempunyai putra yang bernama Kyai Natatrisula, yang juga bekerja di Pemerintahan. Kyai Natatrisula inilah ayah beliau RPS.Sastrosoewignyo. Jadi Rama RPS.Sastrosoewignyo itu buyut Kyai Wirobongso dari ayah.

RPS. Sastrosoewignyo juga mempunyai Eyang buyut yang bernama Kyai Haji Ngisa dari garis ibu. Sejarah singkatnya:

Kyai Haji Ngisa yang mempunyai rumah di Banyu Tumumpang, Kragawanan, Sawangan, Magelang. Pekerjaannya sebagai petani yang handal, yang berwatak jujur, prasojo, bersungguh-sungguh dalam bertani, sampai-sampai bisa dikatakan pliket banget marang lemah. Beliau beragama Islam dan berani membela agamanya demi kebenaran.

Kyai Haji Ngisa bukanlah orang kaya, tetapi karena tekadnya yang bulat yerhadap agamanya maka sangat berharap dapat menunaikan rukun Islam yang ke-5, naik Haji, yang akhirnya beliau sangat berhati-hati sekali dalam pengeluaran biaya (gemi- nasthithi). Denga tekad dan niat yang sudah mantap untuk dapat pergi ke Mekah maka beliau rajin mengumpulkan bekal untuk perjalanan ke sana, dan setelah dirasa mencukupi berangkatlah beliau untuk menunaikan rukun Islam yang ke-5, naik Haji pergi ke Mekah.

Sekembalinya naik Haji dari Mekah, penghidupannya menjadi tidak terlalu makmur karena sawah yang bisa dikerjakan tinggal sedikit karena banyak yang dijual untuk bekal naik Haji. Meskipun demikian Kyai Haji Ngisa tetap berjiwa perwira, yang mana sudah lega dapat melaksanakan naik Haji, yang artinya sudah terlengkapi seluruh rukun Islam-nya dan dapat dikatakan Islamnya sudah sempurna.

Dan dimasa-masa selanjutnya selalu lugas, lugu dan jujur dan juga bersungguh-sungguh. Dan pengaruhnya semakin besar karena semakin dihormati oleh banyak orang. Dan karena yang demikian itu maka putranya yang bernama Kyai Mangunsastra terpilih untuk menjadi Penatus (Camat) di Tumpang, Kragawanan, Sawangan. Kemudian Kyai Mangunsastra juga mempunyai anak-anak yang banyak putra dan putri, salah satunya itu yang menjadi menantu Kyai Wiropati, dijodhokan dengan Kyai Natatrisula (ibu dari Rama RPS. Sastrosoewignyo).

Kyai Natatrisula itu masih turun ningrat, meskipun tidak ada huruf R (Raden) di depan namanya. Sebenarnya ningrat itu artinya bangsa yang luhur, dengan kata lain bangsawan. Maka dari itu semua putra-putrinya, oleh para tetangga dan masyarakat umum disebut Raden yang disingkat Den.

Ringkasan sil-silah:
Dari garis ayah: Kyai Wirobongso - Kyai Wiropati - Kyai Natatrisula -
Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignjo
Dari garis ibu: Kyai Haji Ngisa - Kyai Mangunsastro - Nyi Natatrisula -
Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignjo



Dari pengelola blog KEJAWEN: 
Bagian blog ini terbit terlalu lama, karena pada awalnya saya menginginkan agar ketika bagian blog ini terbit dapat muncul utuh dan sempurna. Tetapi sumber yang saya dapatkan adalah berupa naskah bahasa Jawa (yang agak lama) yang saya kira banyak orang akan mengeluh tentang hal itu. Di samping kata-katanya yang terlalu banyak mengulang, sehingga saya mengupayakan untuk mengeditnya sekaligus menterjemahkan. Ternyata naskah itu teramat panjangnya, dan saya tidak ingin memotong karena akan banyak mengurangi makna dari tulisan itu (pengertian secara utuh dari Kepercayaan Kejawen itu sendiri), sehingga akhirnya belum juga selesai samapai saya terbitkan tulisan ini. Pada akhirnya saya memutuskan untuk tetap menerbitkannya dalam bentuk berseri. Berikut ini saya tidak lagi menterjemahkan dari Bahasa Jawa ke Bahasa Indonesia, tetapi saya hanya menceritakan ulang apa yang ditulis oleh Bp. Poedjosoewito.




Ref: