26 Nov 2010

Ngelmu Urip

By: Ki Sondong Mandali

Para maos, ing donya iki antar budaya lan peradabane bangsa padha kepethuk lan dayan-dinayan. Kejaba ngasilake sinergi lan sinkretisme kang sung kemaslahata' tumrap umat manungsa, nanging uga ana dredah (konflik) antar budaya lan peradaban. Jalaran konflik-e amarga ana pekerti budaya lan peradaban bangsa kang senengane menjajah lan meng-kooptasi budaya lan peradaban bangsa liyane.

Ing kene, bangsa Jawa tansah dadi korban penjajahan lan kooptasi kasebut. Kanyatan sejarah, menawa peradaban-peradaban donya kang gedhe (Hindhu, Buddha, Islam, lan Modernisme Barat) padha nga-Jawa lan ngrembaka saengga kayadene menjajah lan mengkooptasi kabudayan lan peradaban Jawa. Akibate budaya lan peradaban Jawa kaya diasorake. Dianggep primitif, kebak klenik lan ketahayulan. Wusanane wong Jawa akeh sing rumangsa isin marang budaya lan peradaban warisan leluhure.

Kamangka, sejatine budaya lan peradaban Jawa iku luhur banget. Ana ing sarasehan Selasa Kliwonan Yayasan Kanthil, tak aturake conto kaluhurane lakubudaya Jawa kang pancadane Falsafah Panunggalan. "Kambing melahirkan pun perlu diselamati", ngono irah-irahan berita Harian Wawasan anggone ngomentari sesorahku. Nylameti laire wedhus, satleraman pancen kayadene tumindak nganeh-anehi lan mubadzir. Nanging akeh sing ora mangerti menawa slametan laire wedhus kang wujud dhawet iku nuduhake ide panunggalan.

Senajan wujude wedhus, kanyatane uga titahe Gusti Allah. Wong Jawa kang sadar panunggalan lan rumangsa diparingi Cipta Rasa Karsa mesthi mudheng menawa kudu ngurmati laire titahing Gusti. Perkara peradaban liya nganggep wedhus mik kewan kang syah dibantai kanggo pesta lan ritual agama, iku dudu urusane wong Jawa kang landhep rasa pangrasane, lantip ciptane, lan tulus sumarah karsane tumuju marang panunggalan semesta kang dadi intine panembah marang Gusti.

Conto luhure peradaban Jawa liyane, yaiku tradisi sesaji ing malem Jumuwah Kliwon utawa Selasa Kliwon. Wujude sesaji kembang setaman kang ing esuke disebar ing prapatan dalan utawa plataran omah. Akeh kang nganggep laku budaya iki klenik, tahayul, syirik, lan primitif. Nanging coba tak aturi nyimak rapal mantrane nyebar kembang, mangkene: "Ora nyebar kembang, nanging nyebar kabecikan. Gusti Ingkang Maha Kuwasa keparengna Paduka paring kawilujengan lan karahayon dhumateng sedaya titah Paduka ingkang langkung ing prapatan (plataran) punika."

Lha mbok wujud gendruwo, coro, utawa asu lan kucing sing liwat katut disuwunake keslametan lan karahayon. Wong arep tumindak becik, tumindak ala, utawa wong mendem, lan nginglung amarga kalah sing botohan kertu ya didongakake murih slamet lan rahayu. Mangga dipenggalih sing jero, apa pekerti nyuwunake kaslametan lan karahayon sakabehing titah dumadi tanpa pilih-pilih iku pekerti klenik, tahayul, lan primitif?

Ana ing tulisane para ahli, nyebutake menawa bangsa kang berbudaya lan beradab bisa katitenan saka unsur-unsur budaya lan peradaban kang diduweni bangsa kasebut. Unsur-unsur kasebut ing antarane: sistim religi (klebu spiritualisme lan falsafah urip), sistim urip bebarengan (pemerintahan lan organisasi kemasyakatan), sistim ilmu pengetahuan lan teknologi (klebu peralatan), sistim adat lan laku budaya, seni lan kriya, bahasa (lesan lan tulisan) lan sastra.

Unsur-unsur budaya lan peradaban kasebut wis mesthi ora padha antarane sawijining bangsa lan bangsa liyane. Kanggone bangsa Jawa unsur-unsur budaya lan peradaban-e minangka hasil interaksi-ne wiji spiritual Jawa karo habitat alam semesta Jawa. Menawa dijlimeti temenan, unsur-unsur budaya lan peradaban Jawa ngemot aras-aras: kesadaran ber-Tuhan, kesadaran kesemetaan, lan aras keberadaban kaya kang wus diaturake sadurunge.

Endhek-dhuwur lan unggul-asore unsur-unsur budaya lan peradaban antarane sawijining bangsa lanperadaban antarane sawijining bangsa lan bangsa liyane ora bisa dibandhing-bandhingake. Nanging pancen ana prabedane kang dasare saka bedane wiji spiritual lan kahanan habitat alam semesta panggonane. Ing kene, habitat alam semesta Jawa bisa diarani luwih pepak flora lan faunane. Semono uga wiji spiritual Jawa nyambung banget karo pepaking flora lan fauna kasebut. Mula tembung-tembung basa Jawa kanggo ngarani flora lan faunane pepak temenan. Contone, arane wit-witan pepak lan jenenge godhong, kembang, lan wohe. Semono uga laku semedi kang ora ana sambunge karo panembah. Nanging wujud semedi kangge ndayakake kekuwatan dayaning urip. Meditasi jinis mangkene iku lumrahe kanggo nggayuh daya linuwih kang asipat kanuragan utawa kasekten.

Ana ing tanah Jawa ana konsep panunggalan kang nganggep sakabehing kang ana iku manunggal. Krana iku, kawruh panunggalan sambunge marang hubungane manungsa karo alam semesta saiisine. Yaiku piwulang njumbuhake jagad cilik (manungsa) lan jagad gedhe (alam semesta). Laku panunggalan uga wujud laku semedi kayadene laku nggayuh ening. Lumrahe, laku semedi werna loro iku digabungake. Maksude, laku panembah disranani laku panunggalan. Landhesane, patrap manembah marang Gusti butuh disengkuyung dening sakabehing titah dumadi liyane.

Kang diaturake ing ndhuwur iku wacana kanggo para kadang kang butuh pangerten laku kebatinan. Dene tumrap awam, panembah marang Gusti wujud nglakoni urip kang nyumadulur karo sakabehing titah. Tatacarane, sagaduke pangerten kang diduweni. Kaya kang nate disebutake, ing antarane laku atur sesaji. Ya mung bae, murih ora kleru ing panganggep, atur sesaji dudu ritual panembah marang Gusti. Nanging ritual panunggalan marang alam semesta saisine.

Menawa dipenggalih jero, sejatine atur sesaji cara Jawa pancen luwih katujokake kanggo srana srawunge manungsa marang titah gaib. Srawung iku dudu bersekutu kayadene panganggep kang ngarani menawa atur sesaji iku pekerti bersekutu karo setan. Abon-abon sesaji wujud apa bae amung srana srawung kang becik karo sakabehing titahe Gusti liyane. Wondene srawung becik karo sakabehing titah dumadi banjur dianggep bersekutu karo setan sumangga kang ngarani. Jenenge kewan pepak lan jeneng anake, malah pepak uga jeneng saka ulese lan werna wulune.

Mangga dipenggalih anggone wong Jawa menehi aran marang:
- pitik: gondhang, blorok, tulak, lurik, jali, wido, wiring kuning, lsp.
- bebek: bambangan, kalung, pelik, blandhong, jarakan, lsp.
- semut: semut ireng, semut pudhak, semut ngangrang, semut geni, lsp.
- suket: teki, grinting, jawan, gajah, kalanjana, lsp.
- pring: apus, ori, wulung, petung, legi, ampel, wuluh, lsp.
- gedhang: ambon, raja, kulit tipis, bintung, susu, kepok, gabok, lsp.

Isih akeh conto kang bisa disebutake kanggo nuduhake pepaking tembung ing basa Jawa kanggo ngarani flora lan fauna kang ana ing habitat alame. Sabanjure uga ndadekake pepaking jenenge peralatan kang jumbuh kanggo keperluwane urip. Contone jenenge alat potong: lading, pangot, bendho, arit, cengkrong, ani-ani, lsp.

Menawa nitik pepaking tembung Jawa kanggo ngarani apa bae, mbuktekake menawa operasional cipta-rasa-karsa Jawa pancen luwih. Saka iku bisa dinalar menawa ana ing bab-bab liya ngenani unsur-unsur budaya lan peradaban uga nduweni kaluwihan.

Tataran keberadaban Jawa dhasare saka kesadaran ber-Tuhan lan kesadaran kesemestaan (kosmis). Kanthi mangkono keberadaban Jawa lelandhesane saka hakekating urip (urip sejati). Saka iku, ukurane dumunung ana ing perilakuning manungsa anggone mujudake 'panembah lan panunggalan (njaga keselarasane semesta). Dudu saka tingkatan penguwasaan ilmu pengetahuan lan teknologi.

Panembah marang Gusti Kang Maha Kuwasa cara Jawa yaiku wujud tumindak nglakoni urip kang bener-becik-pener. Ukurane ana ing kautaman lan budi pekerti. Karana iku kang diutamakake pekerti eling. Bisane eling kang bener-becik-pener disranani laku eneng (ngenepake) cipta-rasa-karsa murih ening. Iya saka kondisi ening iku banjur eling utawa bisa disebut operasionale kesadaran ber-Tuhan. Iya saka laku eneng murih ening iku banjur akeh kang nganggep menawa panembah cara Jawa iku laku semedi (meditasi). Panganggep iku ora salah senajan sayektine ana pirang-pirang jinis.